PAS GANJIL BAHASA JAWA KELAS 4
Berdasarkan Pergup Jatim no 19 Tahun 2014
MUATAN LAOKAL BAHASA DAERAH PROPINSI JAWA TIMUR
I. Wenehana tanda ping (x) aksara A, B, C utawa D
wangsulan kang bener !
A. Mangan C.
nyambut gawe
B. Turu D.
dolan
2. 2. Geguritan iku ing bahasa Indonesia diarani
A. Puisi C.
cerpen
B. Prosa D.
novel
3.
Guyub rukun
ing sekolah bisa katindakake kanthi cara ing ngisor iki, kajaba ….
A.
ngajeni lan
mituhu marang guru,
B.
sinau bebarengan
karo kanca tanpa mbedak-mbedakake sugih utawa mlarat,
C.
gotong royong
ngresiki lingkungan sekolah,
D. bala – balaan karo kanca sing disenengi wae
4. 4. Minangka
anggota masyarakat, kita kudu guyub rukun. Guyub yaiku ….
A.
greget
(semangat) tumindak bebarengan,
B.
seneng kumpul
C.
tukar padu
D. seneng nglencer sak kancane
5.
Dene rukun
tegese
A.
seneng dolan
bebarengan
B.
urip kang
salaras lan ngedohi pasulayan utawa ora tukar padu.
C.
seneng mangan
bebarengan
D. seneng kumpul – kumpul karo kanca
6.
Rukun aggawe
santosa, crah aggawe ….
A.
bungah C.
bubrah
B. buyar D.
bareng
7.
Nalika
penulis utawa penggurit ngarang teks geguritan, penulis miwiti kanthi netepake
A.
judul
karangan C.
isi karangan
B. tema karangan, D.
pesan moral
8. 8. Dak deleng ….. gumantung ing gayor
ana sing cilik ana sing gedhe endah disawang kepenak
dirunguu
ukara kang mathuk kanggo ngisi ceceg – ceceg ing
dhuwur yaiku
A.
Gong C.
kendang
B. Bonang D.
rebab
9. 9. Kanggo
ngasilake geguritan kang trep, pengarang milih tembung kang uga diarani ….
A.
dhiksi C.
baris
B. larik D. pada
10. 10. Basa sing dinggo ing geguritan, lumrahe dudu basa
padinan. Supaya bisa ngerti isine geguritan bocah-bocah kudu nindakake kaya ing
ngisor iki, ….
A.
maca teks geguritan
kanthi setiti.
B.
maca
geguritan sak karepe dewe
C.
maca teks
geguritan sak kobere
D. nulis geguritan
11. 11. Wong maca geguritan, sing paling apik yaiku kanthi
solah bawa lan patrape dhewe-dhewe. Ora niru solah bawa lan patrape wong liya,
awit yen maca kanthi tiru-tiru wong liya bisa …
A.
katon kaku
lan ora wajar
B.
katon apik
C.
katon endah
D. katon cetha
12. 12. Bab sing kudu digatekake nalika maca geguritan ing
panggung utawa ngarepe wong akeh, yaiku kaya ing ngisor iki kajaba ….
A.
olah swara C.
nyawiji
B. olah vokal D.
olahraga
13. 13. Rukun aggawe santosa, crah aggawe bubrah. Teggese ...
A.
ceconggkrahan
ndadekake kuwat, nanggging rukun ndadekake korat-karit.
B.
rukun
kadhangg-kadhangg ndadekake kuwat utawa korat-karit.
C.
ceconggkrahan
kadhangg-kadhangg ndadekake kuwat utawa korat-karit.
D. rukun ndadekake kuwat, nanggging ceconggkrahan
ndadekake korat-karit.
14. 14. Tema karangan, yaiku ....
A.
gagasan pokok
sing arep diwadhahi sajerone tulisan
B.
gagasan
tambahan sing arep diwadhahi sajerone tulisan
C.
gagasan
tambahan sing diandharake sajerone tulisan
D. gagasan pokok sing arep diandharake sajerone tulisan
15. 15. Pamilihe tembung sing pantes lan mentes ndadekake
geguritan dadi ….
A.
alus lan
nrenyuhake
B.
endah lan aji
C.
kasar lan
mangkelake
D. suci lan nyenengake
16. 16. Saben sapada geguritan, dumadi saka siji ....
A.
tema
B.
gagasan
C.
gagasan
tambahan
D. gagasan pokok
17. 17. Bu guru mulangi maca geguritan. Maca yen dikramakno
dadi ….
A.
Maos C.
mirsani
B.
Mireng D.
mlampah
18. 18. Yen isine geguritan iku sedhih, polatane sing maca
kudu ….
A.
seneng C.
sedih
B. bungah D.
nelangsa
19.
Edo iku bocah
sing gemi. Gemi tegese ….
A.
boros C.
irit ananging ora medhit
B. medhit D.
ora seneng aweh
20.
Apa tegese
gemi nggunakake energi?
A.
digawe lan
diborosake C. digawe
sak senenge ati
B. digawe sak kepenake D. digawe sak cukupe
21.
Energi sing
wujud listrik lan bahan bakar minyak pancen ndadekake uripe manungsa dadi luwih
kepenak. Arep gawe jajan ora usah ngopyok endhog, cukup nyethekake ….
A.
mixer C.
sanyo
B. blender D.
kompor listrik
22.
Arep
olah-olah ora usah cethik geni, cukup nyethekake ….
A.
setrika C. kompor
LPG
B. kulkas D.
magig com
23.
Pacelathon
tegese padha karo percakapan utawa ing Basa Indonesia diarani ….
A.
dialog C.
rapat
B. diskusi D.
berbicara
24.
Cacahing
gpparagga ((tokoh)) ingg teks pacelathon yaiku ....
A.
oro utawa
luwih
B.
akeh bangget
C.
sijji utawa
luwih
D. ora bisa dietung
25.
Ukara ing
teks pacelathon ....
A.
dawa boseni
B.
cekak aos
C.
nggelantur
D. cekak banget
II.
Ceceg – ceceg ing ngisor iki isenono kanthi
wangsulan kang bener !
26.
Kita kudu
gemi energi supaya ora kentekan. Tembung gemi tegese ....
27.
Bensin lan
solar iku kalebu lenga utawa minyak ….
28.
Sumber energy
sing paling gedhe ana ing dunya yaiku ….
29.
Pacelathone
bocah marang wong tuwa nggunakake basa ….
30.
Yen marang
wong sing luwih tuwa kudu duwe unggah – ungguh
Unggah – ungguh tegese ….
31.
Jangkepana
ukara iki
Budhe badhe .... pundi?
32.
Kajaba wit
asem, sing kalebu wit-witan sing gedhe ngrembuyung yaiku ….
33.
Malin Kundang
lan Ande – Ande Lumut iku kalebu crita
…..
34.
Energi
marakake urip.e manungsa dadi ….
35.
Wit – witan
gedhe ojo dikethoki. Wit – witan gedhe kudu dirumat.
Yen akeh wit – witan gedhe hawane dadi
…
III.
Ceceg – ceceg ing ngisor iki isenono kanthi
wangsulan kang bener !
|
GROJOGAN RORO KUNING Sawise Prabu Erlangga
seda, kraton Kahuripan kaperang dadi loro yaiku Jenggala lan Panjalu.
Kanggo ndadekake Kraton loro dadi siji maneh, Raja Jenggala sarujuk besanan
karo Raja Panjalu.
Raja Jenggala kagungan putra kakung asmane Raden Inu Kertapati. Dene Raja Panjalu saka garwa prameswari kagungan putri asmane
Dewi Sekartaji, lan saka garwa selir
kagungan
putri asmane Galuh Ajeng. Amarga Dewi Sekartaji luwih ayu lan
apik budi pakertine
yen
katandhing karo Galuh Ajeng, mula Raden Inu Kertapati milih Dewi Sekartaji
minangka jodhone.
Galuh
Ajeng sing serik atine banjur golek dalan kanggonyingkirake Dewi Sekartaji.
Saka dhukun tenung, Galuh Ajeng
oleh
endhog sing wis dijampi-jampi kanggo disisipake ing dhaharane Dewi Sekartaji. Sawise Dewi Sekartaji
dhahar endhog mau, sakujur
awake
Dewi Sekartaji krasa gatel,
padha
mlepuh, lan ngetokake
ganda
amis. Sadhar yen larane
ora
biasa, Dewi Sekartaji banjur
sowan
bibine yaiku Dewi Kilisuci
pertapan
Guwa Selomangleng.
“ |
|
Nindakake dhawuhe Dewi
Kilisuci, ing Grojogan Mrambat Dewi Sekartaji ngedegake pesanggrahan.
Supaya ora konangan yen panjenengane iku putra raja, Dewi Sekartaji ganti
asma yaiku Roro Kuning. Panjenengane tansah njaga grojogan supaya tetep resik lan asri. Beksan Roro Kuning Saben dina panjenengane
siram lan ngunjuk banyu
grojogan.
Ora nganti suwe kira-kira pitung dina lawase, penyakite Roro Kuning wis ilang.
Roro Kuning mbalik dadi ayu maneh, ayu rupane uga ayu atine. Suwe-suwe
Grojogan Mrambat dadi rame, akeh pawongan sing padha golek tamba ing
kana. Roro Kuning kanthi suka rena tansah paring tetulung marang
sapadhapadha, kanthi menehi dhaharan lan suguhan marang sakabehe pawongan sing mertamba. Kacarita, ing Jenggala
Raden Inu Kertapati pirsa yen Dewi Sekartaji calon garwane ilang,
panjenengane sedhih banget. Saka prajurit andhahane, panjenengane oleh
lapuran yen ing Grojogan Mrambat ana wong wadon ayu sing seneng tetulung jenenge Roro Kuning. Raden
Inu Kertapati yakin yen Roro Kuning iku sejatine Dewi Sekartaji. Raden Inu
Kertapati banjur kadherekake para prajurit mapag Dewi Sekartaji. Sawise ketemu,
Dewi Sekartaji kaboyong didadekake garwa ing kraton. Sadurunge kondur ing
kraton Raden Inu Kertapati dhawuh, “Besuk yen ana rejane zaman papan iki
diarani Grojogan Roro Kuning!” |
36.
Galuh Ajeng sing serik atine banjur golek dalan kanggo nyingkirake ….
37.
Sawise Dewi Sekartaji dhahar endhog mau, banjur sakujur awake Dewi
Sekartaji krasa …., ….., lan ngetokake ganda amis.
38.
Dewi Sekartaji banjur sowan bibine yaiku Dewi Kilisuci pertapan ing ….
39.
Kacarita, ing Jenggala Raden Inu Kertapati pirsa yen Dewi Sekartaji
calon garwane ilang, panjenengane sedhih banget. Saka prajurit andhahane,
panjenengane oleh lapuran yen ing Grojogan Mrambat ana wong wadon ayu sing
seneng tetulung jenenge Roro Kuning. Raden Inu Kertapati yakin yen Roro Kuning
iku sejatine ….
40.
Irah – irahan
cerita ing dhuwur yaiku …..
””””””””””””””””””””””””””””””””







0 komentar:
Posting Komentar